Senin, 29 April 2013
Kamus Basa Jawa Ngoko, Krama, Krama Inggil lan Basa Indonesia
Kamus Basa Jawa Ngoko, Krama, Krama Inggil lan Basa Indonesia
NGOKO KRAMA KRAMA INGGIL/ALUS BHS. IND.
A
aku kula adalem/kawula saya
akon aken dhawuh/utus menyuruh
anak anak putra anak/putra
anut tumut dherek ikut
apa menapa menapa apa
aran nama asma nama
asor awon andhap jelek
ati manah penggalih hati/piker
awak badan sarira badan
aweh suka paring/nyaosi/ngaturi member
ayo mangga suwawi* mari/silakan
B
bali wangsul kondur pulang/kembali
batur rencang abdi pramuwisma
bojo semah garwa suami/istri
brengos rawis gumbala* kumis
butuh betah kersa butuh
D
dheweke piyambakipun
panjenenganipun dia/beliau
dhengkul dhengkul
jengku lulut
duwe gadhah kagungan punya
E
embuh boten mangertos duka tidak tahu
endhas sirah mustaka kepala
enggo angge agem pakai
enom enem mudha/timur muda
epek pendhet pundhut pinta
G
gawa bekta asta bawa
gawan bekta ampilan* bawaan
gawe damel
ngasta/yasa buat
nyambut gawe nyambut damel ngasta bekerja
gelem purun kersa mau
geni latu brama* api
gugah gigah wungu bangun
gugu gega ngetokaken menuruti
gunem ginem ngendika berkata
I
iket udheng dhestar ikat kepala
imbuh imbet tanduk tambah
irung irung grana hidung
J
jaga jagi reksa jaga
jaluk suwun pundhut pinta
jamu jampi usada obat
jaran kapal kuda/turangga kuda
jare caiyosipun ngendikanipun katanya
jarit sinjang nyamping kain
jeneng nama asma nama
jupuk pendhet pundhut ambil
jungkat serat pethat sisir
K
kalah kawon kasoran* kalah
kandha cariyos ngendika berkata
karep kajeng karsa kemauan
kathok sruwal lancingan* celana
kena pikantuk kepareng boleh
keris dhuwung wangkingan keris
klambi rasukan ageman pakain
ko/kok sampeyan panjenengan engkau
kon ken utus suruh
kongkon kengken utus/dhawuh disuruh
kowe sampeyan panjenengan engkau
krungu mireng midhanget mendengar
kubur petak sare kubur
kuru kera
susut kurus
L
lair lair miyos lair
laku lampah tindak jalan
nglakoni nglampahi nindakaken melakukan
nglakoni nglampahi nindakaken melakukan
lanang jaler kakung laki-laki
lara sakit gerah sakit
lawang konten kori pintu
lunga kesah tindak pergi
M
maca maca maos baca
mangan nedha dhahar makan
manggon manggen lenggah tempat tinggal
mari mantun dhangan sembuh
mata mripat paningal mata
mati pejah/tilar seda meninggal
mayit jisim layon mayat
melu tumut ndherek ikut
menyang dhateng tindak pergi/ke
meteng wawrat/ngandheg mbobot/nggarbini hamil
minggat kesah lolos/kentar minggat
N
nesu srengen duka marah
ngising bebucal bobotan hajat
besar
ngreti ngertos priksa/pirsa tahu
O
oleh angsal kepareng/pikantuk boleh
omah griya dalem rumah
omah-omah emah-emah krama nikah
omong ginem/sanjang ngendika berkata
P
pangan tedha dhaharan makanan
pek pendhet/suwun pundhut pinta
pelanangan pejaleran kalam* penis
piker manah penggalih piker
R
rambut rambut
rikma rambut
rewang rencang
abdi pembantu
rungu pireng midhanget dengar
S
sadulur sedherek sentana* saudara
sikil suku
sampeyan kaki
silih sambut/ngampil pundhut ngampil meminjam
slamet wilujeng sugeng selamat
suguh segah sugata jamuan
susah sisah sungkawa/sekel sedih
T
tak/dak kula adalem/kawula saya
takon taken nyuwun priksa/
mundhut
priksa
dangu bertanya
tambah jampi usada jamu
tangi tangi wungu bangun
teka dhateng/dumugi rawuh hadir
tilik tuwi tinjo tandang
tonton tingal priksa lihat
tuku tumbas mundhut beli
tunggang tumpak nitih naik
turu tilem sare tidur
tutur sanjang/criyos parik priksa/caos priksa berkata
tuwa sepuh yuswa tua
U
ulih antuk kondur pulang
undang timbale aturi undang
untu waos waja gigi
urip gesang sugeng hidup
utang sambut/ampil nyuwun/mundhut ngampil hutang
W
wadon setri putrid/wanita perempuan
waras saras dhangan sembuh
warisan tiliran pusaka* warisan
wedang benteran unjukan miniman
weruh sumerep priksa melihat
weweh suka maringi/nyaosi/ngaturi memberi
wetu wedal wiyos keluar
wicara wicanten ngendika berkata
wong tiyang priyantun orang
Langganan:
Postingan (Atom)
BASA JAWA
Tuladha :
- Ibu tindak dhateng peken
- Bapak maos koran
- Eyang nembe tilem
- Adhik mangan roti
2. Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere dikenani pakaryan
Tuladha : – Lombok dipethik simbah
- Roti dipangan adik
- Pelem dijupuk Parjo
- Kopi dingunjuk Pakdhe
3. Tuladha tembung aran (kata benda) :
- Meja
- Kursi
- Gelas
- Piring
4. Tuladha tembung Kriya (kata kerja) :
- Mangan
- Turu
- Sinau
- Dolan
5. Tuladha tembung ancer-ancer (kata depan) :
- Ing
- Saka
- Menyang
- Yen
6. Tuladha tembung wilangan (kata bilangan) :
- Bawang → Sasiyung
- Gedhang → Salirang
- Gula → Setangkep
- Kertas → Sasuwek
7. Tuladha tembung kaanan (kata sifat) :
- Sabar
- Brangasan
- Wicaksana
- Waspada
8. Tuladha tembung sesulih (kata ganti) :
- Aku
- Kula
- Kowe
- Sampeyan
9. Tuladha tembung panggandheng (kata sambung) :
- Lan
- Utawa
- Sing
- Karo
10. Tuladha tembung panyilah (kata sandhang) :
- Sang
- Hyang
- Kyai
- Kanjeng
11. Tembung camboran wutuh : Tembung kang anggotane kalebu tembung
Camboran wudhar karo camboran tunggal.
Tuladha : Meja Kursi, Naga sari, Bibit kawit, Bapa biyung
12. Tembung camboran tugel : Ana tembung sing diwancah
Tuladha : dhelik → gedhe cilik
Barbeh → bubar kabeh
Bangjo → abang ijo
Nasgithel → panas legi kenthel
13. Tembung camboran tunggal : Tembung loro sing bedha tegese, dikanggo
bebarengan, nanging nuwuhake teges
anyar.
Tuladha : Naga sari, Semar mendhem, Randha royal, Plinteng Semar
14. Tembung camboran wudhar : tembung loro sing bedha tegese, dikanggo
bebarengan, nanging tegese tetep.
Tuladha : Meja kursi, Pager wesi, Pager kayu, Sawo mateng
15. Tembung saroja : Tembung kang padha tegese digandheng dadi siji.
Tuladha : – adi luhung
- amis bacin
- babak bundhas
- campur adhuk
16. Tembung Garba : Tembung loro sing digandheng, nanging suda wandane
Tuladha : – Aneng → ana + ing
- Dupyarsa → dupi + arsa
- Jiwangga → jiwa + angga
- maharsi → maha + resi
17. Tembung Entar : Tembung kang tegese ora salugune
Tuladha : – Abang kupinge = nesu
- Adol kringet = nyambut gawe
- Cilik atine = kuwatir, jirihan
- Jembar polatane = pinter
18. Paribasan : Unen-unen kang ajeg panggone, mawa teges entar, lan ora
ngemu surasa pepindhan.
Tuladha : – Nyolong pethek = Ora cocog karo pangirane
- Kepara-kepere = Pangedume ora padha
- Kepluk ora tombok = Ngrasakake senenge ora cucul wuragad
- Ketula-tula ketali = Tansah nandang sengsara
19. Bebasan : Unen-unen ajeg kang ngemu surasa pepindhan.
Tuladha : – Nututi layangan pedhot = Mbudidaya baline kahanan kang
wis ora becik.
- Ora ganja ora anus = Wong kang rupa lan tumindak ala
- Mban cindhe, mban siladan = Pangrengkuhe ora padha.
- Dudu berase ditempurake = Nyambung rembung sing ora
cocog karo bakuning rembung.
20. Saloka : Unen-unen kang gumathok, kang ngemu pepindhan.
Tuladha :
- Tekek mati ulone = Wong cilaka marga rembuge dhewe
- Kemladheyan ngajak sempal = Mitra kang ngajak rusak
- Kaya baladewa ilang gaphite = Wong kang ora duwe kekuatan
- Pecruk tunggu bara = Wong ala dipercaya tunggu barang
Karemane
21. Tuladha ukara basa krama alus :
- Mbah kakung midhangetaken siyaran ringgit wacucal
- Pakdhe tindak dhateng Tawangmangu nitih bis
- Ibu saweg dhahar sekul goreng
- Simbah saweg sare
22. Tuladha ukara basa ngoko alus :
- Mbah kakung midhangetaken siyaran wayang kulit
- Pakdhe tindak neng Tawangmangu numpak bis
- Eyang lagi dhahar sega goreng
- Simbah lagi sare
23. Tuladha ukara basa krama lugu :
- Mbah kakung mirengaken siyaran wayang kulit
- Pakdhe kesah dhateng Tawangmangu nitih bis
- Yanti saweg nedha sekul goreng
- Simbah saweg tilem
24. Tuladha ukara basa ngoko lugu :
- Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit
- Pakdhe lunga neng Tawangmangu numpak bis
- Aku lagi mangan sega goreng
- Simbah lagi turu