1. Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere nglakoake pakaryan
Tuladha :
-    Ibu tindak dhateng peken
-         Bapak maos koran
-         Eyang nembe tilem
-         Adhik mangan roti
2. Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere dikenani pakaryan
Tuladha :          –    Lombok dipethik simbah
-         Roti dipangan adik
-         Pelem dijupuk Parjo
-         Kopi dingunjuk Pakdhe
3. Tuladha tembung aran (kata benda) :
- Meja
- Kursi
- Gelas
- Piring
4. Tuladha tembung Kriya (kata kerja) :
- Mangan
- Turu
- Sinau
- Dolan
5. Tuladha tembung ancer-ancer (kata depan) :
- Ing
- Saka
- Menyang
- Yen
6. Tuladha tembung wilangan (kata bilangan) :
- Bawang    → Sasiyung
- Gedhang   → Salirang
- Gula            → Setangkep
- Kertas       → Sasuwek

7. Tuladha tembung kaanan (kata sifat) :
- Sabar
- Brangasan
- Wicaksana
- Waspada
8. Tuladha tembung sesulih (kata ganti) :
- Aku
- Kula
- Kowe
- Sampeyan
9. Tuladha tembung panggandheng (kata sambung) :
- Lan
- Utawa
- Sing
- Karo
10. Tuladha tembung panyilah (kata sandhang) :
- Sang
- Hyang
- Kyai
- Kanjeng
11. Tembung camboran wutuh : Tembung kang anggotane kalebu tembung
Camboran wudhar karo camboran tunggal.
Tuladha          : Meja Kursi, Naga sari, Bibit kawit, Bapa biyung
12. Tembung camboran tugel : Ana tembung sing diwancah
Tuladha          : dhelik        → gedhe cilik
Barbeh      → bubar kabeh
Bangjo      → abang ijo
Nasgithel  → panas legi kenthel
13. Tembung camboran tunggal : Tembung loro sing bedha tegese, dikanggo
bebarengan, nanging nuwuhake teges
anyar.
Tuladha : Naga sari, Semar mendhem, Randha royal, Plinteng Semar
14. Tembung camboran wudhar : tembung loro sing bedha tegese, dikanggo
bebarengan, nanging tegese tetep.
Tuladha : Meja kursi, Pager wesi, Pager kayu, Sawo mateng
15. Tembung saroja : Tembung kang padha tegese digandheng dadi siji.
Tuladha          : – adi luhung
-         amis bacin
-         babak bundhas
-         campur adhuk
16. Tembung Garba : Tembung loro sing digandheng, nanging suda wandane
Tuladha          : – Aneng     → ana         +  ing
- Dupyarsa         → dupi       +  arsa
- Jiwangga → jiwa        +  angga
- maharsi  → maha      +  resi
17. Tembung Entar : Tembung kang tegese ora salugune
Tuladha          : – Abang kupinge = nesu
- Adol kringet     = nyambut gawe
- Cilik atine        = kuwatir, jirihan
- Jembar polatane        = pinter
18. Paribasan : Unen-unen kang ajeg panggone, mawa teges entar, lan ora
ngemu surasa pepindhan.
Tuladha          : – Nyolong pethek                   = Ora cocog karo pangirane
- Kepara-kepere           = Pangedume ora padha
- Kepluk ora tombok   = Ngrasakake senenge ora cucul wuragad
- Ketula-tula ketali       = Tansah nandang sengsara
19. Bebasan         : Unen-unen ajeg kang ngemu surasa pepindhan.
Tuladha          : – Nututi layangan pedhot      = Mbudidaya baline kahanan kang
wis ora becik.
- Ora ganja ora anus              = Wong kang rupa lan tumindak ala
- Mban cindhe, mban siladan = Pangrengkuhe ora padha.
- Dudu berase ditempurake   = Nyambung rembung sing ora
cocog karo bakuning rembung.
20. Saloka  : Unen-unen kang gumathok, kang ngemu pepindhan.
Tuladha          :
- Tekek mati ulone                      = Wong cilaka marga rembuge dhewe
- Kemladheyan ngajak sempal    = Mitra kang ngajak rusak
- Kaya baladewa ilang gaphite    = Wong kang ora duwe kekuatan
- Pecruk tunggu bara                            = Wong ala dipercaya tunggu barang
Karemane
21. Tuladha ukara basa krama alus :
- Mbah kakung midhangetaken siyaran ringgit wacucal
- Pakdhe tindak dhateng Tawangmangu nitih bis
- Ibu saweg dhahar sekul goreng
- Simbah saweg sare
22. Tuladha ukara basa ngoko alus :
- Mbah kakung midhangetaken siyaran wayang kulit
- Pakdhe tindak neng Tawangmangu numpak bis
- Eyang lagi dhahar sega goreng
- Simbah lagi sare
23. Tuladha ukara basa krama lugu :
- Mbah kakung mirengaken siyaran wayang kulit
- Pakdhe kesah dhateng Tawangmangu nitih bis
- Yanti saweg nedha sekul goreng
-  Simbah saweg tilem
24. Tuladha ukara basa ngoko lugu :
- Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit
- Pakdhe lunga neng Tawangmangu numpak bis
- Aku lagi mangan sega goreng
- Simbah lagi turu
NO MACAPAT 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
1. Maskumambang 12i 6a 8i 8a





2. Pocung 12u 6a 8i 12a





3. Gambuh 7u 10u 12i 8u 8o




4. Megatruh 12u 8i 8u 8i 8o




5. Mijil 10i 6o 10e 10i 6i 6u



6. Kinanthi 8u 8i 8a 8i 8a 8i



7. Durma 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i


8. Pangkur 8a 11i 8u 7a 12a 8a 8i


9. Asmarandana 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a


10. Sinom 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
11. Dhandang Gula 10i 10a 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a